Jenis Kawruh Basa Jawa lan Tuladhane

jenis lan tuladha kawruh basa jawa

1. Tembung Saroja
Tembung Saroja ateges tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, Nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
Sanak Sedulur
Guyup Rukun
Tandang Grayang
Was Sumelang
Lara Lapa
abang branang angkara murka
adhem ayem ajur jejer
adi luhung akal budi apes krama
akal budi arum wangi
amrik angambar atut runtut
ndhap asor ayem trentem
babak bundhas bibit kawit
bagas waras blaka suta
bala kuswa bot repot
bau suku budi pekerti
baya pekewuh
campur bawur colong jupuk
ciri wanci
dana driyah dhawuh pangandika
darma bekti dhodhok seleh
edi peni ewuh pakewuh
gagah prakosa gilir gumanti
galap gangsul girang gumuyu
gandes luwes guna sarana
gemah ripah guyup rukun
gemi setiti godha rencana
gethok tular
jalma manungsa jejel riyel
japa mantra
kabur kanginan kebat kliwat
kajen keringan kesampar kesandhung
kepalu kepenthung kocap kacarita
lagak lageyan lir pendah
lega lila loh jinawi
lila legawa
malang megung mukti wibawa
mobah mosik mula buka
mubeng minger murba wasesa
mudha taruna murub mubyar
nistha papa nungsang njempalik
njarah rayah nyampar nyandhung
owah gingsir
padhang njinglang polah tingkah
papa cintraka pokal gawe
perang tanding puji pandonga
sabar drana sembah sungkem
sabar narima sepi mamring
salah kaprah sih kawelasan
salang tunjang sih tresna
sanak kadang sisik melik
sanak sedulur solah bawa
sapa aruh solah tingkah
sato kewan suka rena
sekti mandraguna sumbang surung
seger kuwarsanae
tambal sulam tepa palupi
tanem tuwuh tepa tuladha
tapa brata terang terwaca
tata cara tindak tanduk
tata krama tukar padu
tata trapsila tumpang tindhih
tedheng aling-aling tumpuk undhung
teguh santosa tutur sembur
uba rampe udha-usuk
wadya bala welas asih
was sumelang wor suh
watak wantu

2. Tembung Yogyaswara
Yogya = becik. Yogya swara=swara sing becik. Tembung Yogyaswara ateges tembung loro sing dirangkep dadi siji sing ngarep tiba swara “a” sing mburi tiba swara “I”, nduweni teges lanang wadon
Tuladha:
Dewa-dewi
Pemudha-pemudhi
Hapsara-hapsari
Widadara-widadari
Yaksa-yaksi
bathara-bathari
gandarwa-gandarwi
kedhana-kedhini
pemudha-pemudhi
putra-putri
raseksa-raseksi

3. Tembung Garba
Tembung Garba utawa sandhi yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda. Wanda=suku kata
Tuladha:
Prapta + ing = Prapteng
Iya + iku = yeku
Nara + pati = narpati
Raja + Indra = Rajendra
Prama + Iswari = Prameswari

4. Tembung Plutan
Tembung Plutan tegese tembung sing diringkes cacahing wanda supaya luwih sathithik. Upamane tembung “para” bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora owah.
Tuladha:
Serat dipluta dadi srat
Suwara dipluta dadi swara
Weruh dipluta dadi wruh
Sarana dipluta dadi srana
Sari dipluta dadi sri

5. Kerata Basa
Kerata Basa uga diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata Basa tegese Tetembungan sing diudhari utawa dispirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha:
Wedang = Ngawe Kadang
Brekat = mak brek diangkat
Kodhok = teka – teka ndodhok
Kupluk = kaku tur cempluk
Guru = digugu ditiru

6. Rura Basa
Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula rura basa uga diarani basa sing salah kaprah.
Upamane : tembung nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg Lombok, trasi, uyah, tomat, lan sapiturute. Nanging yen dibenerake kaya ing ndhuwur iku malah bisa digeguyu dening wong akeh.
Tuladha:
Nunggoni Pitik
Ngenam kepang
Nggodhog wedang
Adang sega
Menek jeruk



Comments

Popular posts from this blog

Mengenal Titik Lagrange: Titik Stabil untuk Penempatan Wahana Antariksa

Langkah Install DirectX 9 Di Windows 10 secara Offline

Pengin atau Berencana Ikut Olimpiade Astronomi? Ini 6+ Hal yang Perlu Dipersiapkan untuk Menghadapinya